Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Sinau Crita Cekak

Sinau Crita Cekak

Apa kuwi crita cekak? Ana kang wis tau maca? Crita cekak iku crita kang ora dawa lan gampang dimangerteni, mulane wong-wong padha seneng maca crita cekak. Ing sajroning crita cekak iku ngandhut kadadeyan kang ora dawa sarta ora akeh alur critane. Menawa ing basa Indonesia crita cekak kasebut uga cerpen utawa cerita pendek , crikak karo cerpen iku padha-padha nyritakake sawijining bab kang ana gandheng cenenge karo lelakone manungsa. Crita kuwi mau diwiwiti saka wiwitan, banjur tuwuh dredah nganti carane ngrampungake perkara. Crita cekak utawa kang lumrahe sinebut crikak kalebu salah siji karya sastra kang awujud gancaran. Crikak iku nyritakake sawijining paraga ing saperangan uripe. Ing sajroning crikak iku ana unsur-unsur pandhapuke kang kaperang dadi loro yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Unsur instrinsik crikak yaiku kang bangun crikak saka sajrone crikak kasebut. Dene unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun crikak saka sanjabane crikak. A. Unsur Pam...