Sinau Crita Cekak

Apa kuwi crita cekak? Ana kang wis tau maca?

Crita cekak iku crita kang ora dawa lan gampang dimangerteni, mulane wong-wong padha seneng maca crita cekak. Ing sajroning crita cekak iku ngandhut kadadeyan kang ora dawa sarta ora akeh alur critane. Menawa ing basa Indonesia crita cekak kasebut uga cerpen utawa cerita pendek, crikak karo cerpen iku padha-padha nyritakake sawijining bab kang ana gandheng cenenge karo lelakone manungsa. Crita kuwi mau diwiwiti saka wiwitan, banjur tuwuh dredah nganti carane ngrampungake perkara.

Crita cekak utawa kang lumrahe sinebut crikak kalebu salah siji karya sastra kang awujud gancaran. Crikak iku nyritakake sawijining paraga ing saperangan uripe. Ing sajroning crikak iku ana unsur-unsur pandhapuke kang kaperang dadi loro yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Unsur instrinsik crikak yaiku kang bangun crikak saka sajrone crikak kasebut. Dene unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun crikak saka sanjabane crikak.


A. Unsur Pambangun Crita

Crita cekak lumrahe kasebut crikak. Crikak yaiku wacan kang nduweni sipat naratif utawa crita karangan kang kadadeyane diweruhi dening paraga kanthi urutan wektu tartamtu.

Crita cekak iku ditulis marang panulis. Panulis crita cekak bisa nulis kanthi dhasar kahanan sing dilakoni panulis dhewe utawa kahanan sing dideleng panulis. Saliyane bisa uga crita sing digawe utawa dikarang marang panulis. Saben crikak nduweni piwulang kang becik, piwulang iku bisa ditampa pamaos sabubare maca crikak. Jero cetheking piwulang, gumantung kawigatene pamaos. Crita cekak lumrahe kudu duweni:

  1. Ana paraga,

  2. Ana masalah utawa perkara,

  3. Ana kadadeyan,

  4. Ana wektu kadadeyan.

Crita cekak nduweni titikan yaiku:

  1. Critane cekak (cendhek)

  2. Nduweni sipat kang fiktif/rekaan/digawe-gawe

  3. Lakuning crita urut (naratif)

  4. Basane landhep, sugestif, lan narik kawigaten

  5. Rerangkening crita mung siji

Crikak dibangun saka rong  unsur yaiku unsur ekstrinsik lan intrinsik. Unsur ekstrinsik yaiku unsur sing bangun saka njabaning crita, kayata alesaning digawene crita, sejarah, biografine si pengarang lan liya-liyane. Dene unsur instrinsik yaiku unsur-unsur sing bangun saka njero, katrangan saka unsur intrinsik dijlentrehne ana ngisor iki:

  1. Underaning crita (tema) yaiku gagasan baku sing ana neng sajroning crita.

  2. Paraga lan watak. Paraga yaiku wong kang mbangun crita. Saben paraga nduweni watak kang beda, mula saka kuwi sipat paraga kaperang dadi 3, yaiku:

  • Protagonis yaiku paraga sing nduweni sipat kang becik,

  • Antagonis yaiku paraga sing nduweni sipat kang ala,

  • Tritagonis yaiku paraga sing nduweni sipat dadi panengah.

Watak yaiku tandha utawa sipat sing diduweni dening saben paraga sajroning crita.

  • Tandha fisik: dhuwur, cendhek, lemu, kuru, mbangir, pesek, lan sapanunggale

  • Tandha sipat: grapyak, semanak, galak, sumeh, bodho, pinter, lan sapanunggale

          3. Latar utawa setting yaiku bab kang nduweni sambung rapet karo papan, wektu, lan swasana kadadeyan ing crita kasebut.

a. Papan: sawah, omah, sekolah, lan sapanunggale
b. Wektu: wayah esuk, sore, bengi, tabuh papat, lan sapanunggale
c. Swasana: bungah, sedhih, susah, lan sapanunggale

     4. Plot utawa alur yaiku lakuning crita.

     5. Sudut Pandang, yaiku saka sisih ngendi penulis nyritakake crikak kang ditulis iku.

     6. Gaya bahasa yaiku cara penulis nulisake critane supaya wong kang maca crita ora bosen karo crita kang ditulisake.

     7. Amanat yaiku pesen kang bisa dijupuk saka crita iku.

B. Teknik Panulisan Sinopsis Crita Cekak

Sinopsis crita yaiku wacan kang dijupuk kanthi cara diringkes saka wacan asline, nanging ora ngurangi unsur-unsur intrinsik kang ana ing sajroning crita. Sinopsis nduweni ancas kanggo nyritakake sawijining crita kanthi cara kang luwih efektif utawa luwih ringkes.
ng sajroning sinopsis, kaendahan lelewaning basa, ilustrasi, lan katrangan diilangake, nanging tetep njaga isi lan gagasan kang diwedharake marang pangriptane. Sinopsis diwatesi dening cacahong kaca, upamane rong kaca utawa telung kaca, sapraliman utawa saprasepuluh saka dawane karangan asli. Carane gawe sinopsis yaiku:

       1. Maca naskah asli kanggo mangerteni kesan umum panulis.
       2. Nyathet gagasan baku kanthi cara menehi garis ing ngisore gagasan baku iku.
       3. Nulis ringkesan adhedhasar gagasan baku nggunakake ukara kang ringkes, efektif, lan nyambung supaya dadi sawijining karangan singkat kang gambarake karangan asli.
       4. Dhialog lan monolog cukup ditulis isi sing penting wae.
       5. Ringkesan utawa sinopsis ora nyimpang saka urut-urutaning crita.

Tuladha saka crita cekak ana neng ngisor iki.

Balapan
kedadeyan tabrakan

Ing jaman saiki akeh bocah cilik ingkang padha wis bisa nunggang montor. Salah sijine Bagus sing umure sewelas taun utawa kelas lima SD. Amarga wis ngrasakake kepenake nunggang montor, dadi kabiasane Bagus yen dolan-dolan nganggo motor. Menawa miturut negara sing oleh numpak montor iku tiyang kang uwis nduweni SIM utawa Surat Ijin Mengemudi. Ing wayah sore, Dalu kancane Bagus mara neng ngomahe. Bagus sing lagi mangan diparani karo Dalu lan dijak metu omah kanggo balapan motor neng ndalan, Bagus langsung ngiyani gage mangan. 
Sabanjure Bagus mlebu ing garasi ngetokake motore. Treng…treng…teng….teng…teng…suarang motor jet collede Bagus lan Dalu kaya wajan kang ditutuki marang ibune Bagus pas lagi nesu.

                “Siap rung Lu?”pitakone Bagus kang wis siap arep balapan.
                “ Siap ndan.” Wangsulane Dalu
                “Siji…loro…telu…”
                Treng …..treng….teng….teng….. Bagus lan Dalu padha banter-banteran numpak montor mubeng ndesa. Wong loro kuwi padha selip-selipan kaya balapan montor antarane Valentino Rossi lan Lorenzo.
                Ana ing pertelon Bagus lali ora ngurupake klakson. Ora nyangka ing lawan arah ana bakul some. Bagus kaget banget, dheweke bingung lan gugup.
                “Lik….lik….lik…awas”
                Grubyuk, klonteng , tlepok-tlepok-tlepok. Some kang ana ing kwali pada menculat ing lemah. Praupane Bagus lan Dalu mbalik sauntara, dadi pucet kaya mayit kang arep dikubur.
                “kepriye ta le…? Nek numpak montor aja banter-banter. Daganganku temumplak kabeh , piye nek ngeneki?”pituture bakul some.
                “ Kula nyuwun pangapunten pak, saestu kula mboten sengaja” jawabe Aji kang kaweden.
                “Saiki daganganku uwis ora payu, amarga someku bok tumplakake. Kowe kudu ngijoli dhuwit seket ewu”
                “Injih Pak, kula tetep tanggung jawab. Kula tak mantuk rumiyin mendhet arta.”
                Akhire Bagus lan Dalu urunan selawe ewu-selawe ewu kanggo ngijoli tukang some kang uwis ditabrak mau. Sawise kadadeyan kasebut Bagus lan Dalu uwis ora wani numpak montor banter-banter.

Buku Ilang
Buku
Sawijining dina, ora kaya lumrahe Pras lan Pandu sing kawentar minangka kanca raket iku meneng-menengan lan katon wis rong dina  ora guneman, amarga kuwi Yudha sing bocah anyar pindahan saka desa nanging uga kerep srawung karo kekarone nyoba nengahi supaya paseduluran ing antarane bocah loro iku ora pedhot.
"Pras, tak sawang-sawang kok wis rong dina iki kowe karo Pandu ora sapa aruh, sakjane ana masalah apa?" pitakone Yudha
"ora kok Yud, ora ana apa-apa" jawabe Pras singkat
"ayolah Pras, ora usah ngapusi. Kowe wong loro kan kanca kenthel, mesthi ana apa-apa. Crita wae neng aku, menawa aku bisa ngewangi ngrampungne masalahe" Yudha tetep ora nyerah mbujuki Pras supaya gelem crita
"Yud,  sakjane pancen aku karo Pandu wis ora sapa aruh rong ndina iki, tapi iki merga kabeh salahe kok, mosok buku diktat sing dijilih Pandu iki ngakune wis dibalikke seminggu kepungkur, padal nyatane durung mbalik neng aku, nanging Pandu ngeyel yen wis dibalikake pas dolan neng omah malah ganti nuduh aku pikun jan nggregetke tenan bocah iku" pungkasane Pras crita dawa.
"Ooo...ngono to Pras, nanging apa wis kogoleki saliyane ana neng mejamu Pras? Sapa ngerti bukune ketlisut neng ndi ngono” Yudha nyoba takon kanthi ati-ati
"Apa kowe ya nuduh aku pikun, lali ndeleh buku ning endi to Yud?" Pras rada muring-muring ditakoni ngono
"Ya ora ngono, aku amung takon. Sapa ngerti bener omongane Pandu. Mengko aku bisa dolan neng ngomahmu? Dak-ewangane nggoleki lan sisan sinau bareng ana neng ngomahmu kaya adate, piye Pras?” pitakone Yudha
"ya ora apa-apa, sinau bareng wae neng ngomahku Yud,” jawabe Pras
"iya... siiip. Mengko aku mrana."
Sadurunge mara neng ngomahe Pras Yudha takon menyang Pandu
"Dadi ngono critane Yud, mosok aku ki ya ngapusi ta wong cetha-cetha aku ki wis mbalikake bukune Pras kok pas aku dolan neng omahe" critane Pandu
"Ooh ngono critane Ndu.. mungkin wae Pras klalen, lali menawa bukune sing kokjilih wis kokbalikake" ujare Yudha
"Iya paling Yud, aku ora kepenake mosok amarga buku kekancane dadi rusak” critane Pandu maneh
"Ya uwis yen ngono, mengko sore kowe melu aku wae. Awake dhewe sinau bareng kaya adate, karo jlentrehne perkara iki ben ndang rampung, piye?"
"ya wis aku melu wae Yud, aku yo bakal ngganti bukune yen pancen ora ono"
Sore iku ing omahe Pras
"Pandu, aku njaluk ngapura ya jebul buku diktat sing mbok balikke kae pancen wis tak tampa, tapi gara-gara tak nggo sinau bengi-bengi nganti keturon malah tiba neng ngisor dipan, ndhek awan tak temu pas resik-resik kamar. Ngapurane ya aku wis nudhuh kowe rung mbalikke" Pras ngomong sinambi ndhingkluk nalika Pandu lan Yudha teka ing omahe
"wah sukur nek ngono Pras, aku ki yo kepikiran terus, wis ora perlu isin. Aku ya njaluk ngapura amarga ngenengke awakmu. Kosong-kosong ya Pras dhewe tetep kekancan ta?" jawabe Pandu
"Iya ora mung kekancan tapi seduluran" Pras ngomong sinambi ngrangkul Pandu
"nah ngono ta. Kowe kan kanca kenthel, wis kudune padha apikan ngene iki” Yudha katon seneng amarga usahane kasil
"maturnuwun ya Yud. Kowe pancen apikan tenan” ujare Pras lan Pandu bebarengan
"okeee padha-padha. Sinau bareng maneh yo” ujare Yudha
cuthel
 

Tuladha maca crita cekak ana ing ngisor iki.

 

 

 


Komentar

  1. Terima kasih kak atas ilmunya, sangat bermanfaat sekali he he he

    BalasHapus
    Balasan
    1. alhamdulillah kalau bermanfaat. terimakasih sudah mengunjungi blog ini

      Hapus
  2. Crikaknya bagus kak, bisa jadi refrensi, nuwun

    BalasHapus
  3. Mantul mas
    Bok menawi angsal usul, boleh minta tentang naskah Kak

    BalasHapus
    Balasan
    1. boleh mas, insyaAllah bakal ada postingan naskah drama Jawa yang saya tulis sendiri hehe biarpun belum sempurna dalam penulisannya

      Hapus
  4. Alhamdulillah ada referensi
    cerita pengantar tidur..
    Ceritanya asik.. sampe ngantuk² 😁. |

    BalasHapus
    Balasan
    1. alhamdulillah semoga dengan tidur bisa segera menggapai semua mimpimu hehe

      Hapus
  5. Materinya lengkap, bisa dijadikan bahan ajar bahasa Jawa untuk siswa SMP maupun SMA

    BalasHapus
    Balasan
    1. maturnuwun mbak mangga dipakai saja kalau dibutuhkan

      Hapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

TEMBANG DHANDHANGGULA

Aksara Jawa (Sandhangan Mandaswara)