Langsung ke konten utama

Postingan

Tembang Macapat Gambuh   Apa kowe uwis tau nembang macapat? Apa kuwi tembang macapat? Tembang macapat iku salah sawijining tembang kang urip ngrembaka ing Tanah Jawa. Tembang macapat nduweni paugeran tartamtu kayata guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra. Tembang macapat ana cacah sewelas tembang yaiku Pocung, Maskumambang, Megatruh, Gambuh, Mijil, Kinanthi, Asmaradana, Durma, Pangkur, Sinom, Dhandhanggula. Tembang macapat tamtu nduweni panulisan sarta paugeran kang beda saben tembang. Ora amung babagan kuwi, nanging uga ngengingi cengkok kang ora padha ing saben tembang. Ana ing bab iki awake dhewe bakal nyinau babagan tembang macapat, tembang kang disinau yaiku tembang gambuh. Ana sing wis ngerti kaya kepiye tembang gambuh kuwi? Kepriye cakepane tembang gambuh? Kaya ngapa isine? Ayo padha sinau babagan tembang gambuh bebarengan. Ngapalne paugeran tembang macapat iku dianggep mbingungake. Cara ngapalne paugeran tem...