Tembang Macapat Gambuh
Apa kowe uwis tau nembang macapat? Apa kuwi tembang
macapat? Tembang macapat iku salah
sawijining tembang kang urip ngrembaka ing Tanah Jawa. Tembang macapat nduweni
paugeran tartamtu kayata guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra. Tembang
macapat ana cacah sewelas tembang yaiku Pocung, Maskumambang, Megatruh,
Gambuh, Mijil, Kinanthi, Asmaradana, Durma, Pangkur, Sinom, Dhandhanggula. Tembang
macapat tamtu nduweni panulisan sarta paugeran kang beda saben tembang. Ora
amung babagan kuwi, nanging uga ngengingi cengkok kang ora padha ing saben
tembang. Ana ing bab iki awake dhewe bakal nyinau babagan tembang macapat,
tembang kang disinau yaiku tembang gambuh. Ana
sing wis ngerti kaya kepiye tembang gambuh kuwi? Kepriye cakepane tembang
gambuh? Kaya ngapa isine? Ayo padha sinau babagan tembang gambuh
bebarengan.
Ngapalne paugeran tembang macapat iku dianggep
mbingungake. Cara ngapalne paugeran tembang macapat salah sijine kanthi cara
ngapalne cakepane. Tuladhane kaya ing ngisor iki.
Sembah raga
puniku,
pakartine wong amagang laku,
susucine asarana saking warih,
kang wus lumrah limang wektu,
wantu wataking wawaton
pakartine wong amagang laku,
susucine asarana saking warih,
kang wus lumrah limang wektu,
wantu wataking wawaton
Menawa dionceki paugerane tembang macapat ing dhuwur
yaiku:
1.
Guru gatrane ana
cacah lima
2.
Guru lagu lan guru
wilangan
a.
Gatra kapisan 7u
b.
Gatra kapindho 10u
c.
Gatra katelu 12i
d.
Gatra kapapat 8u
e.
Gatra kalima 8o
Tembang iku kajupuk
saka tembang Gambuh kang ana ing serat wedhatama. Ing pamulangan kajaba kudu
mangerteni paugerane, siswa kudu ngerteni isine. Menawa arep ngerteni isine,
kagiyatan sing kudu dilakoni siswa yaiku negesi saben tembung.
Adhedhasar cakepan
tembang sing ana ing dhuwur, ana tembung-tembung sing kudu digoleki tegese,
kayata ing ngisor iki.
1.
Pakartine, tegese tumindak
2.
Amagang, nglakoni
3.
Laku, tegese lampah
4.
Susucine, tegese
reresik
5.
Asarana, tegese
piranti
6.
Warih, tegese banyu
7.
Limang wektu,
tegese ngibadah
8.
Wantu, tegese tanpa
kendhat
9.
Wewaton, tegese paugeran
Adhedhasar
katrangan saben tembung ing dhuwur, manawa digathukake ngemu surasa sembah raga
iku tumindak wong sing nglakoni lampah. Lampah kang reresike kanthi cara
nggunakake piranti banyu, sing wis lumrah dilakoni ngibadahe. Tanpa kendhat lan
nggunakake paugeran.
Banyu
digunakake kanggo reresik supaya awak bisa suci lan pantes kanggo ngibadah
marang Gusti. Sembah raga iku dadi tumindake wong sing nglakoni laku kang
bener. Ngibadah dilakoni kanthi cara tanpa kendhat utawa terus dilakoni.
Nulis Cakepan Tembang Gambuh
Gladhen
nulis cakepan tembang macapat, becike diwiwiti kanthi cara mangerteni
paugerane. Amarga saben tembang nduweni aturan kang beda-beda. Kalebu uga
tembang Gambuh, tembang Gambuh uga nduweni tetenger kayata ing ngisor iki.
a.
Dumadi saka limang
gatra
b.
Tibane swara gatra
kapisan kudu u
c.
Tibane swara gatra
kapindho kudu u
d.
Tibane swara gatra
katelu kudu i
e.
Tibane swara gatra
kapapat kudu u
f.
Tibane swara gatra
kalima kudu o
g.
Gatra kapisan
dumadi saka pitung wanda
h.
Gatra kapindho
dumadi saka sepuluh wanda
i.
Gatra katelu dumadi
saka rolas wanda
j.
Gatra kapapat
dumadi saka wolung wanda
k.
Gatra kalima dumadi
saka wolung gatra
Nembang Gambuh
Nalika
nembang Gambuh sing perlu digatekake, yaiku:
a.
Laras, yaiku tata
swara sing ajeg. Ing gamelan Jawa, laras kaperang dadi loro yaiku laras pelog,
lan laras slendro.
b.
Titilaras, yaiku
urutan wirama saka sing cendhek tumeka sing dhuwur. Titilaras antarane slendro
lan pelog nduweni tenger dhewe-dhewe.
-
Slendro: 1 – 2 – 3
– 5 – 6 – 1
-
Pelog: 1 – 2 – 3 –
4 – 5 – 6 – 7
c.
Cengkok, yaiku
cakrik utawa warna lagu. Saben tembang macapat nduweni cakrik dhewe-dhewe lan
maneka warna wujude.
d.
Pocapan sing cetha
e.
Luk, yaiku munggah
mudhune swara kang ditemtokake saka titilaras sing ana.
f.
Gregel, yaiku
owah-owahan pocapan wanda kang ana luk-e supaya kepenak kanggo dirungokake.
g.
Laya, yaiku nembang
kudu laya antarane cakepan karo not utawa thinthingan. Mula kudu mudheng dhisik
maknane tembang.
Gambuh
Yen ta jaman rumuhun
Tata titi tumrah tumaruntun
Bangsa srengat tan winor lan laku batin
Dadi nora gawe bingung
Kang padha nembah Hyang Manon
Lire sarengat iku
Kena uga ingaran laku
Dhingin ajeg kapindone ataberi
Pakolehe putraningsun
Nyenyeger badan mrih kaot
Wong seger badanipun
Otot daging kulit balung sungsum
Tumrah ing rah memarah antenging ati
Antenging ati nunungku
Angruwat ruweding batos
Mangkono mungguh ingsun
Ananging ta sarehne asnafun
Beda beda panduk pandhuming dumadi
Sayektine nora jumbuh
Tekad kang padha linakon
Komentar
Posting Komentar