Langsung ke konten utama

Crikak (Crita Cekak)

 Crikak (Crita Cekak)

Luwih Ngati-Ati (Irah-Irahan)

 

A.    Pangertening Crita Cekak

Crita cekak utawa crikak dumadi saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa kang nyata utawa fiktif. Umume, awujud lelakon cekak kang wose crita munjerake sawijining paraga. Kedadeyan, paraga, lan konflik sawijining unsur pokok crita lan katelune kanthi nyawiji diarani plot utawa alur. Kanthi mangkono crita iku kudu duwe alur. Kang mbedakake karo crita liyane, crikak iku dicritakake sepisan rampung, lan bisa nuduhake karampungane crita. Mula ing padatan cerkak mung tinulis kanthi cekak lan prasaja.

 

B.    Titikane Crita Cekak

1.    Critane ringkes

2.    Isine padhet

3.    Basane mentes

4.    Alure mung siji

5.    Nyritakake saperangan lelakon uripe sawijining paraga

6.    Isine ngemot pitutur, panyaruwe, piweling, lan pasemon

 

C.   Rangkening Crita Cekak

1.    Irah-irahan

2.    Paparan crita

3.    Komplikasi (critane wiwit ana masalah)

4.    Klimaks (masalah dadi gawat)

5.    Karampunganing masalah

6.    Amanat

 

D.   Unsur Intrinsik

1.    Tema                                            : gagasan penting sajroning carita

2.    Alur/plot                                      : lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkas

3.    Penokohan                                   : nerangake watak wantune (karakter) para paraga

4.    Latar/setting                                 : ngrembug papan, wektu, lan swasana jroning carita

5.    Amanat                                         : yaiku piwelinge panganggit marang kang maca carita iku

6.    Punjering crita (sudut pandang)   : pangrakite (penulis/pengarang) nggunakake sudut pandang paraga utama lan tembung sesulih wong kapisan (kata ganti orang pertama), nyritakake apa kang dilakoni, lan ngetokake rasa pangrasane dhewe kanthi tembung-tembunge dhewe; pangrakite nggunakake sudut pandang paraga bawahan, dheweke luwih akeh ngamati saka sanjabane crita tinimbang sajroning crita. Pangrakite biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu (kata ganti orang ketiga); pangrakite nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngerti. Dheweke nyawang paraga nganti tekan sajroning pikiran lan atine. Mula pengarang ing kene bisa nyritakake rahasia batine paraga.

7.    Konflik                                        : perkara kang dadi punjere crita. Ing perangan iki prakara apa kang ndadekake crita iki dadi narik kawigaten. Sansaya jlimet lan tlesih anggone gawe konflik, ndadekake crita iku ngundhakake kawigatene pandhemene.

 

E.    Nilai-Nilai Crita Cekak

1.    Nilai sosial: 

iku ana sesambungane karo tata laku pasrawungan ing antarane pawongan siji lan liyane.

2.    Nilai moral:

iku ana sesambungane karo tumindak becik lan ala kang minangka dhasar panguripan manungsa lan masarakat.

3.    Nilai religious: 

iku ana sesambungane karo tuntunan agama lan kapercayan.

4.    Nilai pendidikan: 

iku ana sesambungan karo owah-owahan tingkah laku saka ala dadi becik.

5.    Nilai estetis: 

iku ana sesambungane karo bab-bab kang narik kawigaten, kaendahan, seni, utawa nyenengake.

6.    Nilai etika: 

iku ana sesambungane karo sopan santun lan subasita ing bebrayan.

7.    Nilai politis:

iku ana sesambungane karo pamarentah.

8.    Nilai kemanusiaan

iku ana sesambungane karo sipat-sipat manungsa.

 

F.     Sinopsis Crita Cekak

Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku tema, latar, alur, penokohan. Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Serat Wedhatama (Tembang Gambuh)

  SERAT WEDHATAMA Pupuh Gambuh merupakan sebuah tembang bagian dari Serat Wedhatama yang tulis oleh Kanjeng Gusti Pangeran Adhipati Arya Mangkunegara IV Kesultanan Yogyakarta. Paugerane Tembang Gambuh  ➥ Guru gatrane ana 5 Tegese saben pada (bait) dumadi saka 4 gatra (baris). ➥ Guru wilangane 7, 10, 12, 8, 8 Tegese Gatra kapisan dumadi saka pitung wanda (suku kata), gatra kapindho sepuluh wanda, gatra ketelu rolas wondo, lan gatra kaping papat kalian gatra kaping gangsal anduweni wolung wanda. ➥ Guru lagune yaiku u, u, i, u, o Tegese guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra. Gatra kapisan kudu dipungkasi nganggo tembung kang ndhuweni swara pungkasan (U). Gatra kapindho dipungkasi swara (U), gatra kaping telu dipungkasi swara (I), gatra kaping papat dipungksi swara (U), lan gatra kaping lima dipungkasi swara (O).   Pupuh Gambuh Pada 1 48. Samengko ingsun tutur,       Sembah catur supaya lumuntur,     ...

WEWALER

 ATI-ATI MARANG PAMALI!! Wewaler atau Gugon Tuhon Pangertening Wewaler      Waler tegese pepali/ larangan. Cara panyebarane kanthi cara gethok tular saka leluhur marang putra wayah (turun temurun). Wewaler padha dene kaliyan gugon tuhon. Gugon tuhon asale saka tembung gugu lan tuhu, gugu tegese pracaya, dene tuhu tegese temenan/ nyata. Dadi pangerten saka wewaler utawa gugon tuhon yaiku wewarah utawa ajaran ing masarakat kang pantes digugu utawa diugemi. Ancase yaiku kanggo maringi pitutur luhur marang putra wayah Jinising Wewaler Gugon tuhon dibagi dadi 3 jinis: 1. Gugon tuhon salugu      Wujude yaiku crita kuna. Nyritakake golongan bocah sukerta (ala) lan terancam bakal dadi mangsane bathara kala. Cara ngilangi sukerta yaiku kudu diruwat kanthi cara mentasake wayang kulit lakon "Amurwakala". Bocah sukerta: Ontang-anting, unting-unting, uger-uger lawang, kembang sepasang, gendhana-gendhini, gendhini-gendhana, sendhang kapit pancuran, pancuran kapit s...