Langsung ke konten utama

WEWALER

 ATI-ATI MARANG PAMALI!!

Wewaler atau Gugon Tuhon

Pangertening Wewaler

    Waler tegese pepali/ larangan. Cara panyebarane kanthi cara gethok tular saka leluhur marang putra wayah (turun temurun). Wewaler padha dene kaliyan gugon tuhon. Gugon tuhon asale saka tembung gugu lan tuhu, gugu tegese pracaya, dene tuhu tegese temenan/ nyata. Dadi pangerten saka wewaler utawa gugon tuhon yaiku wewarah utawa ajaran ing masarakat kang pantes digugu utawa diugemi. Ancase yaiku kanggo maringi pitutur luhur marang putra wayah

Jinising Wewaler

Gugon tuhon dibagi dadi 3 jinis:

1. Gugon tuhon salugu

    Wujude yaiku crita kuna. Nyritakake golongan bocah sukerta (ala) lan terancam bakal dadi mangsane bathara kala. Cara ngilangi sukerta yaiku kudu diruwat kanthi cara mentasake wayang kulit lakon "Amurwakala".

Bocah sukerta: Ontang-anting, unting-unting, uger-uger lawang, kembang sepasang, gendhana-gendhini, gendhini-gendhana, sendhang kapit pancuran, pancuran kapit sendhang, pandhawa lima, lsp.

Bocah sukerta kuwi mau menawa ora diruwat bakal duweni nasib sial lan bisa kanthi donga utawa nanggap wayang. Dhalang kang mentasake ngerteni wewadi (apes) kang njalari Bathara Kala bisa lara lan kapok ora bakal ngganggu marang wong kang diruwat.

2. Isi wasita sinandhi

Pitutur isine sing ora ilok (tembung ora ilok)

Tuladha: 

Ora ilok wong wadon lungguh neng tengah lawang, marai mengko lamarane bali. Kanggo ngelingake supaya mengko mundhak kesenggol yen ana sing arep mlebu utawa metu.

Ora ilok mangan disangga. Kanggo ngelingake supaya ora numplak anggone mangan, amarga jaman semana golek pangan kuwi angel.

3. Wewaler

Isine larangan kang jelas lan duwe sanksi menawa dilanggar (ora saben dhaerah duwe wewaler)

Tuladha:

Wong Kudus ora kena mbeleh sapi

Wewaler iki jedhul amarga ing jaman biyen Sunan Kudus nalika nyebarake agama Islam kanthi cara ngurmati budaya Hindu kang sadurunge wus nyebar. Ing Budaya Hindu sapi dianggep dadi kewan kang ora kena dibeleh.

Wong Banyumas ora kena lunga ing dina Setu Pahing

Wewaler iki ana naliki jaman Raden Tumenggung Rahutama, menawa ora nglakoni mundhak apes utawa nemoni apes.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Serat Wedhatama (Tembang Gambuh)

  SERAT WEDHATAMA Pupuh Gambuh merupakan sebuah tembang bagian dari Serat Wedhatama yang tulis oleh Kanjeng Gusti Pangeran Adhipati Arya Mangkunegara IV Kesultanan Yogyakarta. Paugerane Tembang Gambuh  ➥ Guru gatrane ana 5 Tegese saben pada (bait) dumadi saka 4 gatra (baris). ➥ Guru wilangane 7, 10, 12, 8, 8 Tegese Gatra kapisan dumadi saka pitung wanda (suku kata), gatra kapindho sepuluh wanda, gatra ketelu rolas wondo, lan gatra kaping papat kalian gatra kaping gangsal anduweni wolung wanda. ➥ Guru lagune yaiku u, u, i, u, o Tegese guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra. Gatra kapisan kudu dipungkasi nganggo tembung kang ndhuweni swara pungkasan (U). Gatra kapindho dipungkasi swara (U), gatra kaping telu dipungkasi swara (I), gatra kaping papat dipungksi swara (U), lan gatra kaping lima dipungkasi swara (O).   Pupuh Gambuh Pada 1 48. Samengko ingsun tutur,       Sembah catur supaya lumuntur,     ...

Crikak (Crita Cekak)

  Crikak (Crita Cekak) Luwih Ngati-Ati (Irah-Irahan)   A.     Pangertening Crita Cekak Crita cekak utawa crikak dumadi saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa kang nyata utawa fiktif. Umume, awujud lelakon cekak kang wose crita munjerake sawijining paraga. Kedadeyan, paraga, lan konflik sawijining unsur pokok crita lan katelune kanthi nyawiji diarani plot utawa alur. Kanthi mangkono crita iku kudu duwe alur. Kang mbedakake karo crita liyane, crikak iku dicritakake sepisan rampung, lan bisa nuduhake karampungane crita. Mula ing padatan cerkak mung tinulis kanthi cekak lan prasaja.   B.     Titikane Crita Cekak 1.     Critane ringkes 2.     Isine padhet 3.     Basane mentes 4.     Alure mung siji 5.     Nyritakake saperangan lelakon uripe sawijining paraga 6.     Isine ngemot pitutur, panyaruwe, piweling, lan pasemon   ...