Pambuka
Desa mawa cara,
negara mawa tata. Paribasan iku duweni teges saben papan nduweni tata cara
dhewe-dhewe sing ora padha karo papan liyane. Tata cara iku digathukake karo
masarakat tartamtu. Upacara adat iku mau beda-beda wujude, ana kang awujud
nggelar pagelaran ringgit wacucal sedalu natas, ana uga kang nganakake sedekah
bumi kanthi nglarung asil bumine ing segara. Sanajan duweni adat kang beda-beda
wujude, nanging nduweni ancas kang padha becike.
Upacara adat kang beda-beda iku ora agawe bangsa
Indonesia uga pisah lan ora nyawiji. Nanging upacara adat kang beda-beda iku
mau kudu bisa gawe bangsa Indonesia nyawiji dadi siji, supaya bangsa Indonesia
bisa urip rukun, ayem, lan tentrem. Saliyane iku upacara adat uga ora bakal
kajupuk marang bangsa liya lan ora diakoni dening bangsa liya.
Ceprotan
Upacara adat ceprotan yaiku upacara adat kang
dilaksanakake dening warga Desa Sekar, Kecamata Donorojo, Kabupaten Pacitan.
Upacara adat iki mengku karep kanggo mulyakake banyu
lan ngenang Dewi Sekartaji. Tradhisi iki dilaksanakake saben taun tumiba
ing sasi Longkang dina Jumat/Senen/Minggu Kliwon. Upacara iki uga minangka
acara bersih desa kanthi ubarampe degan (klapa enom) kanggo upacara. Upacara
iki kanthi diwiwiti sendratari Ki Godhek lan Dewi Sekartaji, lan sabanjure
dilaksanakake acara Ceprotan dening para taruna kang kaperang dumadi rong
klompok kang padha bandhem-bandheman.
Puluhan warga warga padha ngadeg adhep-adhepan,
sabanjure padha nguncalake degan tumuju arah mungsuh-mungsuhe. Perang-perangan
iki dijenengake Ceprotan (Cipratan) kang lumrahe diwiwiti yen srengenge wis
arep angslup. Upacara adat Ceprotan diwiwiti watara jam setengah lima sore. Wektu
iring-iringan aparat desa mlebu lapangan sinambi ngarak tumpeng lan sesajian
ampa ingkung (ayam panggang). Arak-arakan diiringi gamelan lan gendhing Jawa.
Minangka cucuk lampah (barisan paling ngarep dhewe) yaiku kepala desa dalah
garwa kang meranakake (dhapuk) dadi Ki Godhek, sesepuh desa lan cikal bakal
desa. Nganti ing papan kang wis disiapake banjur mandheg lan lungguh sila
saperlu donga kanggo kasejahteraan warga desa. Sapungkure donga, salah siji
peserta mlayu karo nggawa ingkung. Mula swasana sing maune tenang malih dadi
rame. Prastawa iki uga dadi pratandha diwiwitine adicara Ceprotan utawa perang
degan. Para peserta kang adhep-adhepan kanthi jarak 50 meter banjur wiwit padha
bandhem-bandheman. Cengkir padha miber ora tamtu arah saengga agawe penonton
padha mlayu ngadoh.
Upacara adat iki digelar adhedhasar asal-usule Desa
Sekar iku dhewe. Ing sawijining wektu teka priya kang asmane Ki Godhek,
sabanjure babat alas saperlu didadekake desa. Nalika Ki Godhek mbabat alas,
teka wanita loro kakang adhi, Dewi Sekartaji lan Dewi Sukonandi. Wanita
kekarone kasebut putri Kerajaan Kedhiri. Krana kesel lan ngelak, Dewi Sekartaji
kesel leren, ning Dewi Sukonandi pilih nerusake laku sadurunge mandheg ing
papan kang sabanjure dikenal minangka Desa Sukodono, Kecamatan Donorojo. Dewi
Sekartaji kang ngelak banjur jaluk tulung marang Ki Godhek supaya digolekake
banyu degan. Sawise disumbat (diilangi sepete), Dewi Sekartaji banjur ngombe
banyu degan kasebut. Krana ora entek, banyune banjur wutah. Ing banyu degan
sing diwutahake, jedhul sumber banyu kang nganti saiki isih ana lan tetep
dikramatake warga Desa Sekar. Prastawa iku dumadi ngepasi dina Senen Kliwon
sasi Longkang. Sadurunge nerusake laku, Dewi Sekartaji pesen, mbesuk ing papan
dheweke ngutahake banyu degan dijenengake Desa Sekar.
Kapethik
saka: Panjebar Semangat No. 33-18 Agustus 2018
Mitoni
Mitoni
iku asal saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakake wektu calon ibu
nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancase kanggo keslametan
calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sipate tolak bala. Ing dhaerah
tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban. Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku
wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur
7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi
kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara
ngupati.
Urut-urutane
yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening
calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot
lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog
lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak
sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing
temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti
bengi. Masarakat Jawa tansah ora uwal saka tatacara adat tradhisi.
Apa maneh kang gegayutan karo sangkan paraning manungsa. Wiwit manungsa
ana njero kandhutan nganti manungsa surut ing kaseban jati, tansah
diiring kanthi adat tradhisi kang digelar ing wayah tartamtu. Dene tatacara
lan upacara tradhisi kang digelar nalika sawijining wanita lagi
ngandhut duwe pangajab supaya ibu lan anak utawa wiji dadi kang dikandhut
tansah wilujeng nir sambikala. Pangajab liyane, bayi kang dilairake
mbesuke bisa antuk kabegjan uripe.
Kapethik saka:
https://blogewongjawa.wordpress.com/2014/01/06/mitoni-7-wulanan/
Urut-urutaning mitoni
yaiku: siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu
dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom),
medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong
endhog lan pungkasane yaiku kendhuren.
Upacara
Padha Weton
Upacara padha weton yaiku upacara kang dilakokake
nalika dina lair lan pasarane jabang bayi padha karo dina lair lan pasaran wong
tuane. Miturut kapitayan wong Jawa, yen kadadeyan padha weton kuwi bakal nggawa
nasib elek merga dipercaya bayi kasebut yen wis dewasa bakal dadi wong kang
kasar, galak, lan duraka marang wong tuwane. Upacara iki dianakake nalika bocah
mau isih bayi lan diwiwiti kanthi nglakokake upacara mbucal bayi banjur
dilajengake kanthi upacara tebusan. Upacara mbucal bayi yaiku upacara kang
dilakokake kanthi cara buwang bayi kasebut sacara simbolis, dene wong tuane
menyang pluruhan nggunakake ikrak lan salajengipun ditemokake dening sedulur
saka bapak utawa ibu bayi kasebut kanggo diurus kaya anake dhewe utawa dadi
wong tuwa angkate bayi kasebut. Kanggo jupuk maneh bayi
kasebut, wong tuwane kudu nyepakake tukon awujud tebusan dhuwit sajumlah
sing wis disarujuki sadurunge nglakokake upacara mbucal bayi. Upacara iki
kasebut upacara tebusan. Upacara tebusan dipimpin dening pinisepuh upacara adat
lan diwiwiti kanthi bapak bocah mau menehi sajumlah dhuwit banjur dhuwit
kasebut diselehake neng dhuwur lemah sing digunakake kanggo mendhem ari-ari
bayi kasebut. Saliyane kuwi ibu bocah mau nampa anake saka ibu angkat bocah mau
banjur bisa digawa mulih menyang omah dening wong tuwane.
Kereenn bets min
BalasHapusTerimakasih, sangat menginformasi
BalasHapus