Langsung ke konten utama

TEMBANG DHANDHANGGULA

Sinden dan Gerong

Dhandhanggula

Tembang Dhandhanggula ana ing sajroning serat tripama kang dipundamel kaliyan K.G.P.A.A.Mangkunegara IV. 
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV

 
Tembang iki duweni watak:
  • Suka dan duka
  • Seneng (bahagia)
  • Rasa syukur
  • Tresna lan asih
  • Perjuangan
  • Kerja keras
  • Kegigihan
  • Pantang menyerah

Tuladha tembang macapat:

Yogyanira kang para prajurit

Lamun bisa samiyo anuladha

Duk ing nguni caritane

Andelira sang Prabu

Sasrabahu ing Maespati

Aran Patih Suwanda

Lelabuhanipun

Kang ginelung tri prakara

Guna kaya purun ingkang den antepi

Nuhoni trah utama

Tegese:

Sudah sepantasnya seorang prajurit

Hendaknya dapat meneladani

Seperti cerita pada zaman dahulu

Kepercayaan Sang Prabu

Sasrabau di Maespati

Yang bernama Patih Suwondo

Kebaikannya

Yang diselaputi oleh tiga perkara

Berguna dan dapat dipegang teguh

Meniru keluarga utama

Ing ngisor iki paugeran saka tembang macapat Dhandhanggula :

1) Duweni guru lagu (vokal atau huruf)

I, A, E, U, I, A, U, A, I, A tegese ing gatra kapisan tembang iki duweni akhiran aksara vokal "I", ing barisan kapindho duweni aksara vokal "A" lan sateruse nganti gatra pungkasan.

2) Duweni guru wilangan (jumlah suku kata)

10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 tegese yaiku ing gatra siji tembang dhandhanggula duweni 10 wanda utawa suku kata, ing baris kapindho duweni 10 wanda, ing gatra katelu duweni 8 suku kata, lan sateruse kanthi gatra sepuluh.

3) Duweni guru gatra (baris setiap bait)

10 gatra tegese saben tembang dhandhanggula duweni 10 gatra utawa baris saben padane utawa bait.

Ing ngisor iki tuladhane nembang macapat dhandhanggula, mangga dipunpidhangetaken.



 
 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Serat Wedhatama (Tembang Gambuh)

  SERAT WEDHATAMA Pupuh Gambuh merupakan sebuah tembang bagian dari Serat Wedhatama yang tulis oleh Kanjeng Gusti Pangeran Adhipati Arya Mangkunegara IV Kesultanan Yogyakarta. Paugerane Tembang Gambuh  ➥ Guru gatrane ana 5 Tegese saben pada (bait) dumadi saka 4 gatra (baris). ➥ Guru wilangane 7, 10, 12, 8, 8 Tegese Gatra kapisan dumadi saka pitung wanda (suku kata), gatra kapindho sepuluh wanda, gatra ketelu rolas wondo, lan gatra kaping papat kalian gatra kaping gangsal anduweni wolung wanda. ➥ Guru lagune yaiku u, u, i, u, o Tegese guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra. Gatra kapisan kudu dipungkasi nganggo tembung kang ndhuweni swara pungkasan (U). Gatra kapindho dipungkasi swara (U), gatra kaping telu dipungkasi swara (I), gatra kaping papat dipungksi swara (U), lan gatra kaping lima dipungkasi swara (O).   Pupuh Gambuh Pada 1 48. Samengko ingsun tutur,       Sembah catur supaya lumuntur,     ...

WEWALER

 ATI-ATI MARANG PAMALI!! Wewaler atau Gugon Tuhon Pangertening Wewaler      Waler tegese pepali/ larangan. Cara panyebarane kanthi cara gethok tular saka leluhur marang putra wayah (turun temurun). Wewaler padha dene kaliyan gugon tuhon. Gugon tuhon asale saka tembung gugu lan tuhu, gugu tegese pracaya, dene tuhu tegese temenan/ nyata. Dadi pangerten saka wewaler utawa gugon tuhon yaiku wewarah utawa ajaran ing masarakat kang pantes digugu utawa diugemi. Ancase yaiku kanggo maringi pitutur luhur marang putra wayah Jinising Wewaler Gugon tuhon dibagi dadi 3 jinis: 1. Gugon tuhon salugu      Wujude yaiku crita kuna. Nyritakake golongan bocah sukerta (ala) lan terancam bakal dadi mangsane bathara kala. Cara ngilangi sukerta yaiku kudu diruwat kanthi cara mentasake wayang kulit lakon "Amurwakala". Bocah sukerta: Ontang-anting, unting-unting, uger-uger lawang, kembang sepasang, gendhana-gendhini, gendhini-gendhana, sendhang kapit pancuran, pancuran kapit s...

Crikak (Crita Cekak)

  Crikak (Crita Cekak) Luwih Ngati-Ati (Irah-Irahan)   A.     Pangertening Crita Cekak Crita cekak utawa crikak dumadi saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa kang nyata utawa fiktif. Umume, awujud lelakon cekak kang wose crita munjerake sawijining paraga. Kedadeyan, paraga, lan konflik sawijining unsur pokok crita lan katelune kanthi nyawiji diarani plot utawa alur. Kanthi mangkono crita iku kudu duwe alur. Kang mbedakake karo crita liyane, crikak iku dicritakake sepisan rampung, lan bisa nuduhake karampungane crita. Mula ing padatan cerkak mung tinulis kanthi cekak lan prasaja.   B.     Titikane Crita Cekak 1.     Critane ringkes 2.     Isine padhet 3.     Basane mentes 4.     Alure mung siji 5.     Nyritakake saperangan lelakon uripe sawijining paraga 6.     Isine ngemot pitutur, panyaruwe, piweling, lan pasemon   ...