Langsung ke konten utama

TEMBANG SINOM

 

SINOM, remaja yang sedang menggelora

Sajroning basa Jawa Sinom lumrahe kanggo nyebutake godhong asem sing isih enom, nanging uga ana wong liyane kang negesi sinom minangka si enom utawa isih enom. Sanadyan cara negesi tembunge beda-beda, nanging intine tetep padha sajrone negesine tembung Sinom yaiku babagan kang isih enom.

Sajroning urut-urutane tembang macapat, tembang Sinom ana ing urutan nomor telu. Urutane yaiku:

  1. Maskumambang
  2. Mijil
  3. Sinom
  4. Kinanthi
  5. Asmaradana
  6. Gambuh
  7. Dhandhanggula
  8. Durma
  9. Pangkur
  10. Megatruh
  11. Pocung  

Watak tembang macapat Sinom

Watak tembang macapat Sinom yaiku semangat, wicaksana, lan kerep kanggo piwulang (mengajari) lan wewarah (membimbing)

Paugeran tembang macapat Sinom yaiku

  1. Guru Gatra: cacahing larik saben sapada, gatra saka tembang Sinom ana 9 gatra

  2. Guru Wilangan: Cacahing wanda saben sagatra, guru wilangan saka tembang Sinom yaiku 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 (tegese larik pisanan ana 8 wanda (suku kata), larik pungkasan utawa terakhir ana 12)

  3. Guru Lagu: tibaning swara saben sagatra, guru lagu saka tembang macapat Sinom yaiku a, i, a, i, i, u, a, i, a (tegese larik sepisan duweni guru gatra a, lan sateruse)

Tuladha tembang macapat Sinom 


 



Komentar

Postingan populer dari blog ini

Serat Wedhatama (Tembang Gambuh)

  SERAT WEDHATAMA Pupuh Gambuh merupakan sebuah tembang bagian dari Serat Wedhatama yang tulis oleh Kanjeng Gusti Pangeran Adhipati Arya Mangkunegara IV Kesultanan Yogyakarta. Paugerane Tembang Gambuh  ➥ Guru gatrane ana 5 Tegese saben pada (bait) dumadi saka 4 gatra (baris). ➥ Guru wilangane 7, 10, 12, 8, 8 Tegese Gatra kapisan dumadi saka pitung wanda (suku kata), gatra kapindho sepuluh wanda, gatra ketelu rolas wondo, lan gatra kaping papat kalian gatra kaping gangsal anduweni wolung wanda. ➥ Guru lagune yaiku u, u, i, u, o Tegese guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra. Gatra kapisan kudu dipungkasi nganggo tembung kang ndhuweni swara pungkasan (U). Gatra kapindho dipungkasi swara (U), gatra kaping telu dipungkasi swara (I), gatra kaping papat dipungksi swara (U), lan gatra kaping lima dipungkasi swara (O).   Pupuh Gambuh Pada 1 48. Samengko ingsun tutur,       Sembah catur supaya lumuntur,     ...

WEWALER

 ATI-ATI MARANG PAMALI!! Wewaler atau Gugon Tuhon Pangertening Wewaler      Waler tegese pepali/ larangan. Cara panyebarane kanthi cara gethok tular saka leluhur marang putra wayah (turun temurun). Wewaler padha dene kaliyan gugon tuhon. Gugon tuhon asale saka tembung gugu lan tuhu, gugu tegese pracaya, dene tuhu tegese temenan/ nyata. Dadi pangerten saka wewaler utawa gugon tuhon yaiku wewarah utawa ajaran ing masarakat kang pantes digugu utawa diugemi. Ancase yaiku kanggo maringi pitutur luhur marang putra wayah Jinising Wewaler Gugon tuhon dibagi dadi 3 jinis: 1. Gugon tuhon salugu      Wujude yaiku crita kuna. Nyritakake golongan bocah sukerta (ala) lan terancam bakal dadi mangsane bathara kala. Cara ngilangi sukerta yaiku kudu diruwat kanthi cara mentasake wayang kulit lakon "Amurwakala". Bocah sukerta: Ontang-anting, unting-unting, uger-uger lawang, kembang sepasang, gendhana-gendhini, gendhini-gendhana, sendhang kapit pancuran, pancuran kapit s...

Crikak (Crita Cekak)

  Crikak (Crita Cekak) Luwih Ngati-Ati (Irah-Irahan)   A.     Pangertening Crita Cekak Crita cekak utawa crikak dumadi saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa kang nyata utawa fiktif. Umume, awujud lelakon cekak kang wose crita munjerake sawijining paraga. Kedadeyan, paraga, lan konflik sawijining unsur pokok crita lan katelune kanthi nyawiji diarani plot utawa alur. Kanthi mangkono crita iku kudu duwe alur. Kang mbedakake karo crita liyane, crikak iku dicritakake sepisan rampung, lan bisa nuduhake karampungane crita. Mula ing padatan cerkak mung tinulis kanthi cekak lan prasaja.   B.     Titikane Crita Cekak 1.     Critane ringkes 2.     Isine padhet 3.     Basane mentes 4.     Alure mung siji 5.     Nyritakake saperangan lelakon uripe sawijining paraga 6.     Isine ngemot pitutur, panyaruwe, piweling, lan pasemon   ...